Kamis, 05 April 2018

Omah Joglo

Hasil gambar untuk gambar omah joglo

Omah Joglo yaiku salah siji wangun omah tradisional ing Jawa Tengah. Omah iki nduweni ciri kang khas yaiku payone kang dhuwur. Biasane omah joglo iku ono gebyoge (tembok kayu gunane kanggo mbatesi senthong tengah karo pringgitan digawe seko kayu jati).

*Perangane Omah Joglo:

1. Teras utawa Pendhapa

Pendhapa arupa bagian ngarep sing nduweni ruangan jembar tanpa sekat sekat, biasane pendhapa dipigunakake kanggo nampa tamu utawa ruang dolanan bocah-bocah lan papan kanggo santai kaluwarga. Perangan iki tansah di bukak, tanpa ana wates ruwangan. Iki aweh pralambang luhure pribadi Jawa kang tansah tinarbuka lan mentingake kerukunan lan kekadangan. Ruwangan iki uga digunakake kanggo ngrembug sawenehe perkara kang asipat adonyan, umpamane ngembug pagaweyan, bisnis, dagang, lan sapiturute. Wujud ruwangan kang tinarbuka iku uga minangka sawijining karep njumbuhake karo iklim lingkungan kang tropis, mula ruwangan digawe teras kang jembar ing sisih ngarepe, ora kena soroting srengenge amarga kanthi payon gantung kang amba, menthang nganti tekan pojok-pojok payon joglo.

2. Pringgitan

Ing jaman biyen, ruwangan iki kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit, mula dijenengke pringgitan saka tembung ringgit kang ateges wayangPringgitan iku panggonane ana ning mburi pendhopo, nempel karo dalem (omah seng bagian dalem). Fungsine kanggo nampa tamu. Ruwangan iki dibangun kanthi ancas nuduhake yen manungsa iku duwe kawajiban nguri-uri lan ngrembakake seni lan budaya.

3. Dalem Agung

Wujude persegi lan tinutup dening te,bok ing patang sisine. Perangan iki minangka perangan kang paling penting lan baku ing wewangunan omah tradhisional Jawa. Perangan iki yaiku perangan kang digunakake kanggo kaluwarga, mula asipat luwih tinutup. iki nuduhake lamun urusan kluwarga iku dirembug kanthi bebarengana, lan wong liya ora kudu ngerti urusan pribadine kluwarga.

4. Krobongan/senthong
  • Senthong tengen yaiku pasren, biasane panggonan iki kanggo peturon lan kanggo panyembahan kanggo dewi srin utawa dewi kesuburan lan kemakmuran. Biasane uga kanggo nyimpen beras utawa palawija.
  • Senthong tengah ing joglo fungsine kanggo peturon wong lanang seng nduwe omah.
  • Senthong kiwo anduweni fungsi kanggo peturon wong wedok.
5. Gandhok lan Pawon/pekiwan

Papane ana ing mburi dewe. Gandhok lan pawon digunakake kanggo masak, dhahar, lan adus. Nulad saka guna panganggone, mula dipapanake ana ing mburi, supaya wong liya ora ngerti nalika sing duwe omah reresik dhiri lan dhahar. Iki nuduhake yen manungsa iku duwe sifat gemi, setiti, lan ngati-ati, tegese ora boros lan tansah njaga kapribadane kang siningit (tersembunyi).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar